pasang AMD Catalyst nang Blankon Rote

Nganggo Blankon Rote mbingunig juga soale saiki apstrim nangendi Blankon siki nganggo indukan Debian langsung uwis ora kan Ubuntu maning, contoh nyatane pas dong aku nganggo Ubuntu 12.04 AMD Catalyst bisa dipasang nang Ubuntu ora ribet, terus nyong najajal nang Blankon alhamdulillah ora teyeng. . . jiah. . .

Alhamdulillah untunge ana sing share nang grup Blankon cara pasang driver ATI meng Debian, rujukane teng meriki http://debianandi.blogspot.com/2012/09/how-to-install-ati-proprietary-driver.html, okeh langsung bae ya. . .



sing pertama Rika mesti download disit ATI Driver e bisa teng meriki

http://support.amd.com/us/gpudownload/linux/Pages/radeon_linux.aspx

ingetan *ben gampang kue hasil downloadane simpen nang home terus extract bae carane klik kanan extract here atau ekstartk disini nganti metungul file e sing ekstensine *.run . :D

Nek ATI Drivere uwis didownload, Rika mesti siapna atau pasang dimit kebutuhan enggo ATI Drivere nek istilah wong global depedensi carane kaya nang ngisor

sudo apt-get install module-assistant

terus

sudo m-a prepare

Selanjute, Nek sedurunge Rika uwis pasang Fglrx buang disit secara keseluruhan

sudo apt-get remove --purge fglrx

Bar kue, restart bae komputer e Rika enteni nganti komputere urip maning. Nah nek komputere uwi urip maning, melebu meng CLI (Command Line Interface) carane pejet tombol ctrl + alt + f1 barengan ya!

login meng "roo" terus pateni "lightdm" carane /etc/init.d/lightdm stop

siki langsung bae meng topik utama install driver ATI langsung bae ketik

sh amd-driver-installer-12-8-x86.x86_64.run

catetan * amd-driver-installer-12-8-x86.x86_64.run tergantung versine aku nganggo sing versi anyar sementara iki :D

terus configure X nang root

X -configure

terus restart bae Komputere. . . enteni nganti komputer urip maning teru jajal bukak AMD Catalyst e jadi apa ora?

oya kie screenshote nek ora jelas pangampurane anu ora ngerti cara njukut screenshot nek nang CLI "nek ana" jadi nganggo hp bae :D














Oya kie caraku dewek ana sing beda kan sumbere jadi nek ana sing ora terima karo tulisan kie pangampurane bae. . . matur nuwun semoga ana manfaate amin. . . 

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.